🪷 Bijaksana

SAID KALIJAGA, LANGIT DONYA

Gurit Mashuri sapa kang ndeleng ing walike peteng kuwi, sapa kang mencep lan krasa landep ing ati kuwi, sapa kang ngibas-ngibasake kipas hawane kaya lesus kang nrabas anggonku napak tilasi ati mati, lan nguripi... napas nepsu sun dadi kedung kang mayekti ing sebarang werna wernaning bumi, plung... kaya swarane kodok kang nyemplung ing leng-leng, luweng kang wus dakdeleng, tur peteng gung.... pedut kaya ndudut rasa, ing dada, marang swara kang ngaruara ing pandosa pandosaning donya donya sun kang wus dakringkes ing pasemon-pasemon gurit kang nyelurit marang kulit rasa duh, wus dakkandut kanti iklas, swarnaning napas kaya sukma kawekas, uga tilas kang rinacik ing klaras-klaras kanyatan jati, kang dadi dumadi sun isih suwung! nyengkuyung samubarang kang temlawung kaya udan kang rinakit langit dadi kaendahan, uga sengit mung donga kang bisa dadi lapis-legite ati kang angucap marang wijil sejati kang mijil ing lati hong wilaheng, sun isih aeng! reronce ati iki saya suwe, saya ngawe-ngawe marang marga kang durung kajaga marang ati kang durung ngeli ing kali-kali... sun durung kalijaga sun isih said kang lumaku ing dalan-dalan pait, kebak dedemit nuju dununge petit punjere langit Sidoarjo, 2007

Puisi Lainnya

MUSYAHADAT ( AKSARA YANG BERSUJUD ) JALMA MARA, JALMA MATI PENYEMANGATKU 2014 AYAH MENGAPA INI TERJADI