🪷 Bijaksana

JALMA MARA, JALMA MATI

Gurit Mashuri “Jagat iki ana, ana kang jaga!” aku isih eling marang kandhamu, tatkalane lemah dadi kawah ing antarane porong-tanggulangin banjur krasa ana kang gosong ing batin batin panguripku, ngegirisi marang daya lantipku kaya gosonge areng klapa kang wus ilang wawa kaya jasad kang limpad kelangan nyawa... awakmu banjur nyuwun, nyadong marang langit kaya nyadonge godong kang wus kawus saka udan lan panas “duh, kakang kawah, duh adi ari-ari, getih, puser punjer awakku....” kabeh krasa bali marang jati, kang kababar ing diri kaya dununge pati urip bandan segara lungguh duh, sampyuh ati lan pikiranku ing telenge rasa, aku banjur ndodog anane uni, kang bisa dadi basa kang netepi janji marang margi kang wus dadi crita kang kaserat ing lontar-lontar kuno “ana suluh kang kasebut nuh, kang wus nabuh warta ing kitab-kitab tuwa bandang iku ora mung amerga udan nanging uga saka kanyatan kang dadi lelabuhan, jerone pager lan punjer” “ana uga crita kang wus dadi dawa saka lambe-lambe tuwa kang sinebut baru klinting, rawa pening nggon dununge ngening kang dadi pepepiling marang desa-desa ing kiwo-tengene Siring” Wus dadi nujum, kandhamu, ana wektu kang bakal bali marang latu, senajanta watu tetep kasebut watu Wus dadi jangka, kandamu, ana cuwilan wektu kang bakal bali marang saiki, senajanta nganggo cara kang wus kaanggep ora ana nganggo basa kang wus kaanggep mati ing bumi jalma mara, jalma mati! Sidoarjo, 2007

Puisi Lainnya

ALAM DESAKU CINTA ITU SEDERHANA RASULALLAH KAU YANG DULU 2005