🪷 Bijaksana

DALAN GURIT

Gurit Mashuri Wus dakjaluk marang sliramu, tatkalane wektu isih watu lan dalan kaya ombak segara, nanging penjalukku kaya prenjak kang katombak swiwine, ilang unine kaya lemah cengkar kang tawar, ilang sangar sliramu uga isih lumaku ing gisik kang wus dadi ambalan ngambali ati ing pangilon, ngambali pitakon lan penjalukku, kanthi unthuk-unthuk kang sirna tatkalane surya mencorong, pratanda dina wus rina Sidoarjo, 2007

Puisi Lainnya

KEMBALI NAHA, CENAH RASULALLAH PEKAT HITAM DIRELUNG HATI KPC