🪷 Bijaksana

REMBULAN MOBLONG

Oleh Sdwijosusastro

Nalika rembulan moblong ucul saka gendhonganing jagad Ayo, gegancangan mapag abyoring lintang sayuta Dimen biruning langit kang bakal kagelar ing wengi iki Bisa mbok gambari pangangen-angen geganthaning uripmu Nalika rembulan moblong mancati tataraning langit Ayo, gegancangan mapag tumuruning tetes atising embun wengi Dimen gegambaran geganthaning uripmu Bisa mbok pulas karana abanging sedya Nalika rembulan moblong panjer tengahing wengi Ranggehen abyoring lintang sayuta Lan jumputana tetes atising embun wengi Kang kekinclong ing pucuk ijoning gegodhongan Dimen geganthaning urip kang wus bok gambari Ing jembaring pangangen-angen Bisa bok patri ing ati sanubari Lan nalika rembulan moblong wus pangklong tumpak gigiring arga Sumetana oboring laku lan cawisna tekening urip Dimen gegambaran geganthaning urip kang wus kapatri Bisa kababar bareng mletheking baskara esuk.